GEGURITAN
Indra Mardiyana
Ing Desa Campurejo kutho Bojonegoro
Nangise bocah ana sawijining omah
Dina Selasa Kliwon nalika jago kluruk sapisan
Rolas April sing dadi ambal warsane
Anak wuragil sing lagi lair
Miyarsa suara wiwitan saka rama
Adzan lan ikhomah
Rinungu ana kuping kaloro
Donga marang Gusti uga kairing
Ing kalbuning putra wuragil
Yaiku anak sing lebda lan yekti
Aneng sadawane urip mengko
Nuladha budi pekertine rama lan ibu
Anggegayuh pangarep-arep sing luhur
sumugi dados putro ingkang saget ndamel bungahipun bapak kalih ibu,,:)
BalasHapuslha nggih jeng.. nanging ngantos sakniki taksih durung saged kraose. sakmnika taksih usaha, mugi2 enggal kgayuh punapa ingkang dikarebake bapa kalih ibu. penjenegan ugi ngoten :)
BalasHapus