goleki ning kene

Jumat, 30 April 2010

Geguritan Tak Lela Lela Ledung

Geguritan

Tak Lela Lela Ledung

Tak lela lela ledung
Saben wektu ibu tansah ngidung
Kidungan mrang putra sing waruju
Kagendong jarik kawung
Astane nguru-uru mustaka, kareben turu
Turu aneng dekepane ibu
Tak lela lela ledung
Pangarep-arepe biyung ing kidung
Kagem atmaja kakung
Sing miyos anggara kasih, wanci bedhug telu
Supaya ingsun dadya sunu
Sing ngabekti mrang nara wredha
Tanaya wasis kang yekti
Yekti aneng dumadi
Tak lela lela ledung
Kidungan tan ilang ing rungon
Uga pangarep-arepane biyung
Ywa sirna ing penggalih lan kalbu
Kanggo wewarah ing lelakonku