goleki ning kene

Jumat, 12 Agustus 2011

Geguritan Indra Mardiyana

GEGURITAN

Indra Mardiyana

Ing Desa Campurejo kutho Bojonegoro

Nangise bocah ana sawijining omah

Dina Selasa Kliwon nalika jago kluruk sapisan

Rolas April sing dadi ambal warsane

Anak wuragil sing lagi lair

Miyarsa suara wiwitan saka rama

Adzan lan ikhomah

Rinungu ana kuping kaloro

Donga marang Gusti uga kairing

Ing kalbuning putra wuragil

Yaiku anak sing lebda lan yekti

Aneng sadawane urip mengko

Nuladha budi pekertine rama lan ibu

Anggegayuh pangarep-arep sing luhur

2 komentar:

  1. sumugi dados putro ingkang saget ndamel bungahipun bapak kalih ibu,,:)

    BalasHapus
  2. lha nggih jeng.. nanging ngantos sakniki taksih durung saged kraose. sakmnika taksih usaha, mugi2 enggal kgayuh punapa ingkang dikarebake bapa kalih ibu. penjenegan ugi ngoten :)

    BalasHapus