goleki ning kene

Jumat, 06 November 2009

Cerkak Tresnaku Ing Sendang

cerkak anggitane dhewe

Tresnaku ing Sendang

Har!” timbale pakdhe Karya marang aku. Suarane sing gumlegar kaya Raden Werkudara nyadarne pikiranku teka lamun sing kawit mau lumebu ana pikir. Ealah ra krasa yen saiki wancine aku ngangsu banyu ing sendang lor. Pancen yen mangsa ketiga ngene iki banyu ing daerah Kedungadem tan saya angel. Sendang ing lor omah dadi siji-sijine sumber uripe para warga. Sanajan banyune rada buthek, sing penting bisa digawe adus saben dina. Yen kanggo masak pakdhe Karya milih mundhut banyu ideran, sak jirigene limang ewu.

Nggih pakdhe” semaurku langsung njenggirat saka papan sumende. Biasane saben jam telu bubar sekolah aku leyeh-leyeh ana lincak ngarep mbale. Langsung ora kakean pitakon, jalaran aku wis mangerteni karepe pakdhe. Langsung aku menyang mburi tumuju sumur, nyandak timba karo pikulan. Sumur kompan ing mburi omah wis sawulan iki ora metu banyune. Sumbere rada ala, ditambah sawulan iki wis ora ana banyu tumetes saka langit.

Tumuju sendang, lumakuku isih kairing lamun ing sore mau. Ya. Lamunan sing saben sore terus mlaku ana pikir. Jane lamunan iku ora beda karo lamunane bocah enom kaya aku iki. Bocah enom sing wis kelas telu SMK. Panyindire kanca-kancaku marang aku, njalari ati iki saya bingung. Ya. Nganti kelas telu iki aku durung duweni rasa katresnan marang bocah wadon. Jane praenanku ya ra ala. Paling ora isih memper karo pakdhe Karya sing isih katon gagah prakosa. Nanging nganti saiki aku isih durung nemoni rasa iku. Sapa ya, kira-kira bocah wadon sing bakal tak tresnani. Ing sekolah, pancen aku jarang duweni kanca wadon, jalaran sekolah SMK rata-rata bocah lanang sing ana kana. Ing kiwa tengen omah ya ra ana bocah wadon sing saumuran. Dadi ati iki, tresna iki, rasane sepa, jalaran ora ana sing dituju. Jane aku ora bingung. Sekolah nganti tutug iku sing utama. Nanging aku ora bisa ngapusi ati iki.

Ra krasa laumun mau mandeg jalaran aku wis tekan sendang. Ing sendang sing ambane sepuluh meter persegi, banyune isih katon, nanging saya susut tinimbang winginane. Durung akeh wong-wong desa sing njupuk banyu ing sendang. Amarga rada jeru, saka papanku ngadeg ing pinggir sendang, anguk-anguk karo ngulurne tali timba. Wektu timba iki nyemplung, ora kesusu tak tarik. Mripat iki kaya ana sing ngarahne marang ayang-ayang ing banyu. Ing ayang-ayang iku katon praenan sing endah, resik, lan nduweni cahya. Ati iki saya ndredeg. Dug, dug, dug. Dhadha iki ora bisa meneng. Mripat iki isih ora bisa ngalih saka ayang-ayang iku. Tali timba tak tarik, banjur aku mlengak ing sisih tengen. Byuh-byuh, ati iki ora bisa ayem. Bocah wadon sing nganggo jilbab ing pinggirku banjur mesem. Eseman kang nentremke ati tak bales karo eseman uga. Saking kaget lan gumunku, aku ora bisa omong. Rasa isin lan sungkan isih kebak ana awakku. Aku banjur nerusne ngangsu banyu, lan dak cantolne ing pikulan, banjur bali. Ing lumakuku bali, ati iki terus pitakon. Sapa ya, bocah wadon ing sendang mau. Telung taun aku nderek pakdhe ing Kedungadem kene, nanging lagi saiki aku ngerti bocah mau. Duh, mendahe aku bisa…

“Har. Tak sawang-sawang kawit winginane, kowe sajake kok katon bingung. Apa ta sing kok pikirne?” pitakone pakdhe sing medotne lamunanku maneh.

“Mboten pakdhe. Mboten mikir napa-napa.” Semaurku nutupi perkara iki.

“Mosok ta? Ora mikir apa-apa, nanging kok meneng ae, kaya wong bingung.” Wangsulane pakdhe sok ngerti. Aku pancen kawit mbiyen dadi bocah rada meneng, ora kakean omong. Nanging aku namung mesem, ora semaur. Aku tetep ngewangi budhe Tatik isah-isah.

“Lha iya ta bu. Ponakanmu Hariyadi iki sajakke kok beda karo biasane. Aja-aja nduwe sir-siran. Yo to le?” pitakone pakdhe nyindiri aku mrang budhe, karo ngguyu.

“Halah. Pakdhe niki wonten mawon. Sir-siran mrang sinten to pakdhe.” Semaurku karo mesem, ethok-ethok ora krasa.

“Pak-pak, bocah isih sekolah kok sir-siran. Ben ditutukne sekolahe disik, nyambut gawe, banjur lagi bisa golek.” Pangandikane budhe nanggepi pakdhe.

“Ya ra papa. Jenenge bocah enom ya lumrah ngono iku. Apa maneh Hariyadi iki bocahe meneng, jarang srawung karo konca-kanca wadon. Yen nduweni sir-siran iku kemajuan. Rak ya ngunu ta Har?” sindire Pakdhe karo ngguyu. Aku namung mesem lan ngguyu. Pakdhe pancen jarang-jarang ngejak guyon. Watakke pancn keras marang sapa wae. Pokoke memper tenan kaya Werkudara.

Sabanjure iku, aku dadi semangat ngangsu banyu ing sendang. Kareben isa kenal karo bocah wadon sing saya suwe saya dak tresnani, sanajan namung teka mata. Nanging ra papa saya suwe tresna iki bisa klebu ana dhadha.

****

Pakdhe Karya wis tak anggep wong tuwaku dewe. Iki jalaran bapakku wis suwe kapundhut. Ing omah aku namung urip karo ibu lan adhiku loro. Supaya beban wong tuwa entheng, aku diopeni pakdhe Karya dulur kandunge ibu ing Kedungadhem. Uripe pakdhe pancen rada lumayan mapan tinimbang keluwagaku. Pakdhe duwe sawah hektaran. Ing mangsa rendeng katanem pari, lha yen ketiga ngene iki tanemane mbako. Ing kana aku ya karo mbantu ngewangi ngopeni sawah.

Aku nderek pakdhe sabubare lulus SMP. Aku pancen pengen terus nutugne sekolah paling ora nganti SMK. Ing daleme pakdhe aku wis dianggep anak dhewe, jalaran putrane sing ontang anting, mas Alfan wis nyambut gawe ing Jakarta, kundur setaun pindho. Ing kene aku ya ben isa ngancani pakdhe lan budhe Tatik ngopeni omah. Ewang-ewang resik-resik lan ngopeni sawah. Iku tak anggep kanggo bales jasaku marang pakdhe sing wis gelem ngopeni lan nyekolahne aku.

Kanggoku, pakdhe Karya nduweni watak keras, teges, lan gampang duka. Nanging tujuane kanggo ndidik putrane, termasuk aku. Sanajan ponakan, aku ora beda kaya putrane dhewe. Yen aku ana kleru ing penggawean utawa ra gelem sinau, ora jarang pakdhe srengene muntab. Aku ora gela utawa mangkel, jalaran aku sadar iku mau kanggo ndidik awakku supaya mulya kaya putrane, Mas Alfan. Suwalike, budhe Tatik biasane ora tega nyawang aku didukani pakdhe. Mungkin ae aku iki dudu putrane lan bocah yatim. Telung taun iki aku urip bareng keluwargane pakdhe ayem tentrem tanpa prahara.

Nanging ana sing ra tak ngrteni marang pakdhe, yaiku isih percaya karo prakara-prakara adat jawa ing desa. Pokoke prakara gugon tuhon, sing durung mesti kabenerane. Senajan shalat limang wektu, pakdhe isih percaya ngunu iku. Kejawene isih kenthel ing jiwane. Dadi aku ing kene ora bisa sinanu agama sing luwih adoh.

“Ayu tenan ya le?” pitakone pakdhe sing ora dak rumangsani.

“Nggih.” Jawabku lugu, ora sadar yen tumindakku nyawang bocah wadon dikonangi pakdhe. Ya. Bocah sing biasane ketemu ing sendang liwat ngarep omah. “Eh..oh..eh.. pakdhe.” Aku lagi nyadar yen sing mitakoni aku pakdhe, aku dadi tambah sungkan marang piyambake.

“Halah ora usah isin-isin. Kuwi ta tibakna sir-sirane ponakanku.” Sindire pakdhe karo ngguyu.

“Pakdhe, wonten mawon.” Semaurku karo rai rada abang jalaran ngempet isin.

“Kapan mbok jak dolan mrene. Hehehe…” sindirane pakdhe karo nggujeng kekel.

“Halah napa. Wong kenal mawon dereng, kok kula jak sowan mriki.” Wangsulanku.

“Lha piye to, ndang kenalan ta. Masa njalok dikenalne. Kowe iku bocah lanang, ora pantes isian-isin. Tapi kudu ati-ati, bocah lan wong tuwane kudu jluntrut, jelas, lan bener. Ora sudi pakdhe yen kowe salah milih wong wadon. Lan eling, kowe kudu mangerteni tata cara lan adate ing desa kene. ” pesene pakdhe marang aku.

“Nggih.” Wangsulanku singkat. Aku ora dunung pituture pakdhe. Nanging yen wis pitutur aku ora wani takon. Paling mengko ya ngerti dewe.

Bener tenan pangandikane pakdhe. Aku iki bocah lanang. Jaka. Masa kenalan karo bocah wadon ora wani. Apa maneh aku ya sering ketemu deweke, mbuh kuwi ing sendang utawa blanja ing ngarep omah.

****

Ra krasa kurang sasasi aku arep lulusan. Ujian wis dak lakoni, kari ngenteni pengunguman lulus orane. Aku krasa yen ujian iki asile apik. Aku wis sinau mempeng lan ndonga mrang Gusti. Nanging kabeh dak pasrahne mrang Gusti Kang Maha Kuasa. Apa wae asile dak anggep kui wis maksimal. Sing penting ijasahe bisa dak enggo gae golek gawean sing mapan.

Nurhayati, bocah wadon sing dak kenal telung wulan kepungkur saiki ana ing sandingku. Lungguh adep-adepan ing ngarep omahe, gegojekan. Ngenteni terange udan ing wayah awan. Saiki ati iki wis ora sepa. Jalaran wis ana sing ngisi, yaiku tresnane Nur. Saya suwe aku saya manteb sesandingan karo deweke. Aku wis ngerti lan lumayan kenal karo bapake. Nanging Nur durung dak kenalne marang Pakdhe Karya. Kawit biyen aku isih wedi lan bimbang. Apa kira-kira pakdhe bisa nrima apa ora. Jalaran aku durung ngerti sing dimaksud pakdhe prakara adat utawa larangane desa kene. Ah, iku dipikerne mburi. Sing penting aku ngenalne disik Nurhayati marang Pakdhe.

“Dik, sampeyan sesuk sore ana acara?” pitakonku.

“Ana apa ta Mas Har, sajake kok seius tenan.” wangsulane Nur.

“Ngene dik. Aku kan wes kenal mrang keluwargane sampeyan. Nanging sampeyan durung ngerti keluwargaku. Kan ya ra penak yen ora saling kenal. Tata kramane kan ngono. Dadi awak dhewe lumaku bareng ana lakon iki wis na sing ngerteni.” kandaku ora langsung.

“Lha trus?” pitakone ora ngrumangsani.

“Yen sesuk sore ora ana acara sampeyan tak jak dolan ning omahku, dak kenalne mrang pakdhe lan budhe. Supaya laku katresnan iki bisa adoh lan ana dalan sing bener.” Jawab lan pituturku.

“Iya. Iya mas Har. Isa kok. Iya. Karepku ya ngono. Awak dhewe isa nglakoni tresna iki kairing wong tuwa lan utamane agama. Bapak lan ibu ya matur aku, kepingine yen sampean tenanan mrang aku, ya iku luwih becik bisa kenal wong tuwa.” Nurhayati bali mitutur mrang aku. Awan iki deweke katon endah, nganggo jilbab kuning gading, sawarna karo klambi gamise.

****

Ati iki ndilalah saya ora ayem. Mengko sore Nurhayati bakal dak temokne marang Pakdhe lan budhe. Yen budhe dadi wong tuwa isih isa nriman. Suwalike, yen pakdhe aku bener-bener ora ngerti. Apa sing dak karebake during mesti bener ing panyawange. Yen nrima ora papa yen ora nrimani, banjur kepriye aku iki. Sing njalari aku saya bingung yaiku keluwargane Nurhayati sing katon muslim lan khusuk ing agama swalike keluwagaku senajan Islam nanging kejawene isih kenthel, utamane pakdhe dadi wong sik ora kenekan. Apa-apa kudu miturut adat Jawa lan desa, sanajan iku mau wis ora mathuk lan cocok dienggo ing jaman saiki, apa maneh kanggo bocah enom kaya aku.

Ing wayah sore, Nurhayati dakjak dolan bareng ing omah. Pakdhe lan budhe ya wis tak aturi pirsa. Ing ruang tamu wong papat pada gegojekan bareng, omong ngalor ngidul, saling pitakonan. Pakdhe sesedela dak sawang. Iku kanggo mastekne yen pakdhe nyiratna tanda apa. Aku isih ndredeg apa pakdhe ya seneng karo Nurhayati lan keluwargane. Apa maneh wektu pakdhe pitakon babagan kaluwargane Nur, omah, weton, nganti apa-apa sing ana hubungane karo jawa. Aku saya bingung, jalaran Nur ora ngerti babar blas masalah ngunu kuwi. Kawit cilik deweke wis dididik nganggo cara Iislami ora ana hubungane karo adat Jawa. Aku saya ora ayem. Kala-kala Nur da ewangi njawab pitakone pakdhe.

Wektu pakdhe ngalih, kari aku lan Nur dewean ing ruang tamu, ati iki rada ayem. Nanging ayem iki isih during tenanan. Mungkin wae bubar iki pakdhe bakal nimbali aku lan pitutur.

Sak bare ngeterne Nur mulih, aku sik rada wedi ngadepi pakdhe. Apa sing bakal kedadean bar ngene? Apa pakdhe bakal duka?

“Har.” Timbale pakpde nganggo suarae sing gedhe.

“Nggih pakdhe, wonten punapa?” semaurku ethok-ethok ora ngerti.

“Apa bener kowe tresna tenanan mrang bocah wadon mau?” pitakone pakdhe kaya ora gelem nyebut jenenge Nur.

“Nurhayati ta pakdhe. Nggih kula remen sanget. Kan pakdhe kala riyen nggih remen ta wektu ningali Nur mlampah liwat ngajeng griya?” pitakonku ngetes.

“Lha kae kan aku isih durung ngerti sapa sabenere deweke. Saiki aku lagi wae ngerti. Bocah iku putrane Kholid, kyai desa lor kana. Yen bocahe ora papa. Ning karo wong tuwane pakdhe isih ragu le. Jalaran kyai Khalid iku kyai sing khusuk tenan. Aku kuwatir, aja-aja deweke iku kalebu aliran sing ora bener. Apa maneh deweke jarang srawung karo tangga lan sering ngadakna pengajian sing ora jelas. Aja-aja…” sadurunge tutug pakdhe ngendikan lan mikir sing ora-ora, aku manekne awakku matur nyela pangandikane.

“Ngapunten saderenge. Mekaten pakdhe. Mboten kok kula mbelani keluwargane pak Khalid jalaran kula tresna marang Nurhayati, putrane. Kula sampun tepang sanget kalih pak Khalid. Napa-napa ingkang pakdhe kinten-kinten menika mboten leres. Piyambake mboten nderek aliran ingkang mboten leres. Pancen piyambake aliran agami Islame benten kalih tiang-tiang sanese. Mugi- mugi pakdhe saged mangertosi.” Rasane lega isa rada mbantah pangandikane pakdhe.

“ O… dadi kowe nganggep pakdhemu iku kliru, iya?! Kawit kapan kowe wani mbantah omongane pakdhemu. Apa kowe wis kena pengaruhi Khalid? Pakdhe wis suwe manggon ning desa kene dadi ya ngerti sapa-sapa wae wong sing bener lan ora bener. Kowe bocah lagi wingi sore wis wani-wani nyalahne wong tuwa.” ora nyana yen wangsulanku njalari pakdhe duka tenan.

“Wis ta pak, wis. Jenenge bocah padha senenge ya wis ben. Har kuwi wis gedhe. Wis wayahe milih dalane dewe.” budhe nyoba ngleremne dukane pakdhe.

“Ora isa bu. Har wis tak anggep anakku dhewe. Dadi ana apa-apane bocah, wong tuwa mesti melu nanggung akibate. Kaya bebasan, anak polah bapa kepradah. Pokoke pakdhe ora ngolehi kowe srawung karo bocah wadon kuwi. Apa maneh sering-sering dolan ning omahe Khalid. Kowe kuwi sapa heh? Agama ora gablek arep oleh anake kyai. Wis pakoke pakdhe ora ngolehi, ngerti?!” pakdhe saya duka. Aku wis ora wani nyawang pakdhe, amarga aku bener-bener wedi. Lagi iki pakdhe duka tenan marang aku. Aku ora semaur. Tetep lungguh matung ing kursi tengah.

“Nggih.” Semaurku lirih. Ning semaurku iku namung kanggo ngleremne dukane pakdhe, ora kanggo nyanggupi printahe pakdhe.

Atiku rada ayem jalaran pakdhe wis mlaku ning mburi ninggalne aku. Budhe sing mau ana ing sandinge pakdhe, nyedaki aku, lungguh jejer, karo nyekel pundhakku.

“Wis le, ora usah dipikir nemen. Kowe wis gedhe, wis isa milih endi sing kok pikir bener. Kowe isih duwe wong tuwa yaiku biyungmu. Sanajana pakdhe sing nyekolahne awakmu, aja kok anggep kowe kudu mbales jasane nganggo mesthi nuruti pangandikane. Pangabektene wong kuwi ana watese le. Kabeh pancen butuh wektu. Wis ta, saya suwe pakdhemu bakal mangerteni.” pangandikane budhe pancen bener-bener ngleremne ati iki.

Nanging ati isih durung ayem tenan. Saiki aku karo pakdhe kaya ana tembok sing dadi wates. Rasane abot kanggo matur lan omongan marang pakdhe perkara iki. Terus kepriye aku kudu matur Nurhayati? Apa dewekke nrima yen aku bakal medhot tali katresnan jalaran wong tuwa sing dadi sebab. Lanangan apa aku iki. Bener pangandikane budhe aku saiki wis gedhe, wis dewasa. Kudu bisa milih dalan sing becik lan bener. aku kudu bisa mutusne dalan sing bakal daklakoni.

Angel. Angel tenan. Pancen angel lan abot kanggo milih lan mangsuli pitakonan. Aku dadi bingung. Ing lincak ngarep mbale sing tak pikir namung perkara iku. Beda karo mbiyen. Sing ana ing pikiran perkara aku kudu oleh bocah wadon kanggo sesandingan. Mbuh lah saya suwe saya ora ayem ning ati. Apa maneh aku isih mikir kelulusan mengko. Apa aku kudu ninggalne Nurhayati kanggo wujud pangabektiku marang pakdhe? Utawa aku kudu tetep nyambung katresnan karo Nur, jalaran alasane pakdhe ora ngolehi isih ora jelas? Apa iya pak Khalid iku wong sing melu aliran ora bener? Nanging piyantune bener-bener sumeh marang tangga, apa maneh aku. Dadi pangandikane pakdhe ora kabeh bener. Nanging ati iki isih duwe pitakonan. Sabenere apa masalahe pakdhe karo pak Khalid? Apa jalaran beda pangarten urip? Pak Khalid wong khusuk agama, lan pakdhe bisa dianggep kejawen.

Mbuh lah. Ning ati iki wis bener-bener manteb kanggo tetep ngraketne tali katresnan marang Nur. Bener jare budhe. Kabeh pancen butuh wektu kanggo ngrampungne masalah iki. Pandongaku marang Gusti ing sembahyang, muga-muga diparingi kelancaran ing laku. Aku rada mesem apa jare ati iki. Aku wis dadi bocah lanang sing teges. Pancen kabeh mau jalaran Nurhayati sing isa dadi cahya ing petenging ati. Bisa dadi nambah segere banyu sendang ing mangsa ketiga.


Cerpen Kupu-Kupu Malang

Kehidupan berliku menyimpan cerita dan pengalaman berharga. Setiap manusia pasti pernah mengalaminya. Seperti halya dalam cerpen berikut.

Kupu-Kupu Malang

Tok..tok..tok. suara sol sandalku berbunyi nyaring memecah gelapnya malam. Suara itulah yang mengiringi langkahku di gang kecil sebuah perkampungan pendatang di kota ini. Beberapa hari ini aku memang sering pulang agak sore dari pada biasanya. Maklum, pasaran lagi sepi. Aku lebih banyak menghabiskan waktu di club untuk menikmati segelas minuman penghilang stres. Hape juga sama sekali ndak ada panggilan masuk. Ndak ada selembar uang pun masuk dalam tas malam ini.

Tok..tok..tok. pintu rumah kontrakan dari triplek aku ketok. Pikiran yang kacau saat berangkat membuatku lupa membawa duplikat kunci. Berulang kali aku ketok, masih tak ada jawaban. Dok..dok..dok. mulai keras aku menggedor pintu. Dengan jengkel aku menggedor pintu. Hingga dari dalam suara ibu menyahut.

Bu, buka! Tuli ya!” Teriakku jengkel.

Astaghfirullah. Iya..ya, sebentar. Jangan keras-keras, ndak enak didengar tetangga.” masih mengenakan mukena, ibu membuka pintu menyambutku dengan muka kusut. Aku langsung nyelonong masuk. Ndak ada komentar yang keluar dari mulutku. Ini sengaja aku lakukan, karena pikiran dan tubuhku sudah terlalu lelah untuk meladeni ibu.

Sampai kapan kamu pulang malam terus. Ndak enak kalau dilihat tetangga. nasihat ibu dengan suara lembut.

Halah, tetangga mana! Anggap saja kita hidup dikuburan.” sahutku yang sudah tak tahan ocehan ibu. “Wis lah!” bentakku. “Ibu ndak usah ngurus aku. Urus saja Rina dan diri ibu sendiri. Apa urusan tetangga kalau aku pulang pagi, malam atau ndak pulang. Ini kota besar bu! Kita mau gini-gitu apa urusan mereka. Lagian kita juga ndak ngemis ke mereka!” bantahku. Aku berharap pernyataanku ini bisa mendiamkan ibu.

Kalau kamu terus-terusan begini apa kamu ndak kasihan dengan Rina. Dia itu butuh kasih sayang, Ni!”cerocos ibu.

Mesakne? Kasihan? Justru karena kasihan, aku lakukan ini semua. Menyekolahkan, mencukupi kebutuhan, dan membelikannya obat, apa itu ndak kasih sayang namanya, heh!” bantahku dengan jengkel. Maklum, aku memang agak berkuasa di rumah, karena akulah tiang penyangga kehidupan keluarga.

Dengan uang haram?” sela ibu.

Bu, wis lah aku capek, kesel! Tahu apa ibu tentang halal dan haram. Gombal dengan itu semua. Yang penting kita bisa hidup!” Bantahku lagi.

Tapi, sampai kapan kamu menjadi lon...”

Bu!” selaku dengan bentakan dari kamar. “Wis lah! Ndak usah sok tahu dan ikut campur urusanku!” marahku sudah ndak tertahan lagi.

Asal Ibu ngerti! Aku gini ini juga karena ibu dan almarhum bapak yang menjodahkanku dengan Parji gendheng. Lihat sekarang, apa yang diperbuat laki-laki ndak bertanggung jawab itu! Bajingan itu telah membuat kita ngere. Apa ibu ndak bosan hidup ngere, ngere, dan ngere. Wislah Bu, aku capek!” jawabku kesal hendak menutup kamar. Perkataanku itu merupakan balas dendam atas perlakuan orang tuaku dulu.

Marni...!”

Brak! Aku banting pintu kamarku dengan keras untuk menyudahi perdebatan rutin penyambutan kepulanganku.


****

O… apa yang terjadi terjadilah, yang dia tahu Tuhan penyayang umatnya. O… apa yang terjadi terjadilah yang dia tahu hanyalah menyambung nyawa.

Lama-lama aku menghayati juga lagu MP3 di hp-ku itu yang sejak tadi terus mengiringi persiapanku berdadan di sore hari. Tiba-tiba aku berpikir sejenak. Semakin lama semakin perlahan aku memoleskan spon bedak ke pipi. kemudian ganti lipstik merah marun favoritku juga perlahan menutup bibir yang agak berkerut. Memori kelam yang melatar belakangiku pun berkumpul, menyatu dalam pikiran. Hingga aku berhenti berias, terus memandang cermin seolah tak berkedip. Mencoba memulai kisah hampir sepuluh tahun lalu.

Cerai! Kata terakhir yang diucapkan Parji di telepon. Ya, itulah kata terakhir yang aku dengar saat aku berusaha menghubungi dan mencari selama beberapa bulan karena pergi tanpa kabar. Wanita apa aku ini yang sudi dipermainkan laki-laki bajingan itu. Dialah tersangka pertama yang membuat aku seperti ini. Memang waktu itu perilakunya berubah setelah kelahiran Rina. Dia mulai acuh denganku. Apalagi saat dia mengetahui bahwa Rina mempunyai kelainan pada sel dalam tubuh. Hingga dokter memvonis kanker, sama sekali dia ndak pulang. Diangggap apa aku ini? Apa dia pikir aku ini robot yang bisa hidup tanpa makan? Kemudian, bagaimana dengan nasib Rina? Apa aku akan membiarkan anakku semakin parah penyakitnya, hingga menjadikannya mayat? Aku pikir Parji adalah banci yang tak pernah bisa menghadapi semua ini. Atau jangan-jangan, Parji sudah mempunyai serepan lain. Semua itu hanya kebetulan dan alas an agar dia bisa berpaling. Yang jelas dia sudah mendapatkan harta dari keluargaku. Tak ada lagi sisa peningggalan keluarga di desa.

Untung aku bertemu dengan Sumilah atau biasa dipanggil Mila sekarang. Dia juga temanku sewaktu di desa. Namun aku tetap memanggilnya Sum sebagaimana panggilan waktu kecil dulu. Dialah yang berjasa mengajariku untuk bisa bertahan di kota besar. Aku sempat bimbang menerima tawarannya. Tapi rayuan dan prinsip hidup yang dia tanamkan kepadaku bagai kupu yang tergoda mahkota bunga.

Ni, ini bukan sekedar pekerjaan tapi merupakan pelampiasan atas kehidupanmu dulu yang lebih kelam dari saat ini.” Itulah yang dikatakannya waktu itu dan membuat yakin akan langkahku. Akupun menjalaninya dengan senyuman tanpa beban. Yang terpenting sekarang adalah bagaimana aku harus menyelamatkan anakku dari ambang maut.

Tiba-tiba lagu tersebut berhenti karena ada panggilan masuk. Aku baru tersadar dari lamunan. Aku lihat dilayar ternyata sebah nama pelangganku menelepon.

Halo? Dik Marni?”

I...iya, Mas.” dengan gugup aku menjawabnya karena masih terkontaminasi oleh lamunanku. “Ada apa mas? Bukannya masih nanti kita check inn? Tanyaku dengan heran

Gini say... gimana kalau dipercepat, Mas soalnya.. e... soalnya...?”

Soalnya kenapa Mas?” selaku penuh harap.

E... soalnya bsok pagi mas ada janji dengan anak-anak, agar tidak terlalu pagi pulangnya, kita cuma ngobrol di restoran spesial. Gimana sudah siap kan sekarang?” Jawab pelangganku dengan gugup.

O...bisa kok. Tenang aja aku sudah siap. Aku tunggu di pangkalan biasa ya mas, da...! aku akhiri telepon. Sebenarya aku tahu alasanya kenapa dipercepat. Paling istrinya sudah curiga. Laki-laki, laki-laki semua sama saja. Aku pun segera bergegas merapikan meja rias dan menyahut tas segera berangkat menuju pangkalan.

Malam demi malam aku lalui. Entah berapa lelaki yang sudah berada dalam pelukanku dan menikmatiku. Tak ada sedikitpun rasa kebosanan. Karena prinsip dari Sum, telah terpatri dalam otak ini. Ya, beginilah hidup, semua pasti akan ada jalannya. Akupun menjadi kupu-kupu yang semakin liar.


****

Di restoran hotel aku menikmati hidangan malam bersama pelanggan baru. Sebenarnya ingin langsung check inn, namun entah kenapa aku tiba-tiba jadi gak enak badan. Pikiran pun juga agak kacau. Tiba-tiba hp di dalam tas berdering. Aku lihat di layar sebuah nomor yang ndak aku kanal. Biasanya aku langsung mematikannya takut mengganggu dinnerku. Namun jempolku secara reflek memencet tombol hijau, dan mengangkatnya.

Halo Ni?” suara yang sangat aku kenal itu dengan gugup ingin menyampaikan sesuatu.

I...ibu?” aku bertanya ndak yakin, kenapa ibu tiba-tiba meneleponku dan tahu dari mana nomorku ini.

I...ini ibu?” tanyaku lagi seakan tak percaya. “Ibu tahu dari mana nomerku? Ada apa?” aku terus bertanya dengan heran hingga menutupi nada marah yang biasa aku tunjukkan.

Tadi tanya Sum! Rina Ni...Rina Ni...?” Suara ibu terdengar gemetar seperti ingin mengungkapkan sesuatu.

Rina? Kenapa Rina Bu?” tanyaku sambil meninggalkan meja makan.

Rina Ni, Rina koma. Sekarang di Karang Menjangan. Cepet Ni! Suara ibu semakin gemetar. Tut..tut..tut. suara ibu terputus, sebelum aku memberikan kesanggupan untuk kesana. Aku segera bergegas memberitahu pelangganku, tentang ini. Untung dia paham. Aku menolak untuk diantar dan memilih naik taxi.

“Ibu...!” aku memanggil dengan lantang sambil manahan air mata. Aku dekati ibu dan mencurahkan semua kesedihan di pangkuannya. Entah, kapan terakhir kali aku menghargai ibu dan menangis meratapi kesedihan. Aku benar-benar lunglai tak berdaya berada di pangkuannya. Semua segala kesedihan tercurahkan bersama. Ribuan kata maaf terucap dari bibir yang selalu berbicara kasar.

Dari balik kaca pintu ruang ICU, aku memandang Rina dengan berurai air mata. Ingin sekali aku memeluknya dan mengatakan penyesalan dosaku di pelukannya, sebelum... . Tak tega aku melihatnya. Di kursi tunggu depan ruangan aku hanya duduk bersandar, menatap langit-langit agar air mata tidak terus keluar.

Tuhan penyayang umatnya.” dalam hati aku menyebut lirik lagu itu. Baru pertama kali ini aku berpikir tentang Tuhan. Ternyata dalam hatiku masih ada ruang untuk Nya. Meski aku merasa tak pantas menjadi umatNya. Diriku sudah terlalu kotor. Aku hanya punya secuil asa di tengah waktu yang semakin berakhir. Aku yakin, Dia sudah menentukan jalan untukku. Jalan bagi kupu-kupu malam, yang sudah terlalu malang. Semua pasti akan usai sabagaimana lagu itu.